SUGIH TANPA BANDHA
Yen dideleng kasat mata pancen ora ana wong sugih nanging ora duwe
bandha. Nanging kanggone wong Jawa sing diarani wong sugih ora mesthi
bandhane akeh. Wong kang duwe ilmu kang mumpuni, kanca akeh, rasa
tentrem ayem lan rasa syukur uga diarani wong sugih. Sugih ing wawasane
wong Jawa ora mung ateges lahiriyah, nanging uga batiniyah.
CEGAH DHAHAR LAWAN GULING
Ing wawasane wong Jawa, mangan lan turu iku salah sawijining kanikmatan
urip kang bisa nyebabake wong urip lali marang ancase urip. Wong kang
kakehan mangan lan turu bisa nyebabake pangrasa lan pikirane kethul
sarta wegah nyambut gawe. Mula, para leluhur paring pitutur supaya kita
bisa cegah dhahar lawan guling. Nyuda mangan lan turu sacara
batiniyah dadi perangane laku prihatin kanggo ngasah bathin lan kanggo
nggayuh ancase urip. Secara lahiriyah nyuda mangan lan turu bisa kanggo
ngontrol kasarasan. Wong kang mangan lan turune sacukupe dibarengi pasa
bakal luwih sehat tinimbang wong kang kakehan mangan lan turu. by jokogundala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar