Pitakonan
kang rasah digawe pitakonan. Amargo pitakonan kuwi wis nggowo jawabane
dhewe. Jawabane yo mung ono ing awak. Awak kang ora mung mligi wadag.
Nanging awak kang nyawiji jiwo lan rogo.
Ono ing sak njerone rogo, ono jiwo. Jiwo kuwi kang diarani ruh.
Wong
sing eling lan waspodo. Wis kudu murwani mawas karo sejatining diri
kanthi ati kang wening. Sejatining diri yaiku anamung ruh kang lumaku
ing sakndhuwure bumi. Yo aneng sakndhuwure jagat iki. Lumaku kanthi
digawani ubo rampe kanggo ngupoyo urip lan panguripan. Ubo rampe kang
ugo ora njaluk, nanging diparingi. Wadag, pikiran, howo nafsu, lan ponco
ndriyo. Kabeh kanthi kersaning Pangeran, Gusti Allah SWT Kang Moho
Kuwoso lan Moho Mirah.
Ora
ono ruh kang sadar lan nyengojo tumurun ing bumi iki. Amargo kuwi
sakbanjure diarani insan, yaiku kang lalen. Lali marang sangkan paraning
dumadi. Lali seko ngendi asale. Kabeh ngerti-ngerti wis manjing ono ing
rogo kang mbrojol seko guwo garbo. Banjur lumaku nglakoni opo kang dadi
pepestene, yo jodo, rejeki, lan pati. Lumaku kang ora suwe. Sak kedhepe
mripat. Terus lap dicemplungake maneh ragane ing saknjeroning bumi.
Iku
makno seko sejatining diri. Ora liyo yo anamung ruh kang kabuntel rogo.
Ruh kang asale seko alam azali. Alame ruh sakdurunge ditumurunake aneng
bumi. Alam azali kang ugo nduwe makno alam perjanjen. Panggonane ruh
rikolo mantep ngucapke janji, yo kuwi janji menowo ing jagat iki mligi
iman lan takwa, nglakoni ngibadah lan manembah ing Ngarso Gusti Kang
Moho Tunggal, iyo iku Gusti Allah SWT.
Sopo
wae, kabeh wae, opo wae kang dadi gaweane, kepiye wae penganggone, ono
ing ngendi wae panggonane, ora ono sing luput seko sejatining diri.
Sejatining sopo to aku iki. Ananging sakbanjure ruh kang tumurun lan
lumaku ing jagat iki, yo anamung kacacah dadi loro. Sing sepisan, ruh
sing nurut marang pituduh kang ngelingke marang janjine rikolo ono ing
alam azali. Sing kapindho, ruh sing mung sawantah nuruti bisikane
syetan, howo nepsu sesat lan akal pikiran sing nerjang dhawuhe Gusti,
nglirwak’ake pituduh sejatining diri. Pituduh kang nyoto. Yo qur’an lan
hadist. Pituduh kang ndalanke menungso yo ruh iki, marang pepesten kang
apik. Pepesten kang nggowo ruh didalanke marang janjine rikolo aneng
alam azali.
Sakwise
mawas marang sejatining diri. Sadar sopo to aku iki. Lan wis mahami
seko ngendi asale, yo sangkan paraning dumadi. Sakbanjure mawas ing
wasonone. Arep neng endi ruh iki sakrampunge lelakon nglalari jagat
royo. Ora liyo, ruh iku bali maneh ono ing sejatining urip, urip kang
sejati. Urip sakwise mati. Nerusake urip kang sakbenere, urip kang sak
lawas-lawase. Ruh sing apik, sing nurut marang pituduh, bakal mulih neng
panggonan kang sak apik-apik e. Ruh sing ora apik, sing ora nurut karo
pituduh, bakal mulih neng panggonan kang sak olo-olo ne.
Kuwi
kabeh yo sejatining diri, sopo to aku iki. Menowo wis mawas, opo maneh
wis nemu opo kang dadi sejatining diri, kawulaning Gusti. Kudune wis ora
kaget maneh karo opo wae kedadean. Yo kedadean kang dilakoni awak, ugo
kedadean mobah mosik’ing ngalam ndonya. Dadine mung sakdermo nglakoni.
Amargo kabeh kedadean ing jagat iki, mung wewayangan. Geber wewayangan
kang dinggo nggodog ruh sing kabuntel wadag, tumuju bali ono ing uni, yo
ora liyo anamung ruh kang lumaku mung sak oncatan wektu ono ing bumi
iki. Sedelok, ananging nemtok’ake kahanan sakbanjure. Ojo pangling maneh
karo opo wae. Pangkat, drajat, semat, tumurunan, kasugihan,
kemelaratan, kabeh mung sandangan. Tumuju ndlosor kang kudune kanggo
ngibadah, manembah mring Gusti Kang Akaryo Jagat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar