Powered By Blogger

Kamis, 13 Maret 2014

GUNDAHING ATIKU

Aku sesambat
nalika susah-cilaka nyengkerem uripku
aku ngrerepa:
kenapa aku ora mati wae nalika aku lair saka kandhutane ibu?
apa sababe aku digendhong lan dipangku sarta
disusoni dening ibu?
apa ana sesambat lan keduwung kang luwih jero katimbang iki?
kenapa ngeduwungi urip 

urip iki peparing sih Dalem Gusti!

Tuwuhe piala ora saka lebu bumi
kesusahan ora thukul saka lemah
nanging manungsa dhewe kang nekakake cilaka marang awake.

Aku rumangsa ora duwe apa-apa ing donya iki
urip lan patiku dudu darbekku
kanthi wuda aku lair saka kandhutane ibu
kaya mengkono uga aku bali mrana.

Allah kang maringi, Allah kang mundhut
pinujia asmane Pangeran!

RONCE RONCE

O, mawar kang mulus
dak pethik kanthi tangan katresnan
nadyan driji iki kebak irenging Lumpur

Mawar kang resik
sesambatmu lan panangismu
nalika dak tandur ing ati kang tatu
rinonce madangi ati kang sepi

Aku iki pangumbara kaluwen lan ngelak
aku tansah ngenteni tetesing tresnamu
necep gandamu kang ngambar arum

O, mawar kang mulus
alum godhongmu ing regemane tangan
kumlawer lung-lungmu sinendhal peksan
sesambatmu lan panangismu
 


aku nora tega tansah meksa Dak culake kembang ing gegemaning tanganku
aku arep mbacutake laku
nadyan tansah cuwa, kaluwen lang ngelak

MUGO KAJABAH PANJANGKAHKU

Angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
Anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
Kanggo kita sami jalma manungsa
Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
Amadhangi sakendhenging jagat raya
Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
Mangestu nampi pepadhang …..

LEBUR DHADHI AWU

Pamekas kang siningker jroning laku,
tan kawiyak ing panggraita
Mung pengin ayem, nanging keplayu kerem,
keselak besus kanyata ora pecus,
kelindhih ing atur saklimah,

kepidak ing tindak sapecak,
kumara aking, marga tan weruh ing rasa,
nalar cupet marga tan ngudi ing kasunyatan,
banjur arep dadi apa?

Sawangen kae,
wiyati kang tanpa wates
kapan bisa kokrengkuh?

PANJONGKOKU

Angin sumilir mbeset kulit
Ing tengah wengi kang saya wingit
Bun padha kumlawe ngawe-awe
Jangkrik wis leren ngerik
Mung manuk dares sing isih methangkring

Kanca-kancaku wis padha turu
Kari aku ing ngarep komputer
Ngrungokake sekar macapat

Ing tengah weng iki
Pamujiku muga ora lali
Marang omah iki
Sing nguntabake sakabehe pangimpen
Dadi kasunyatan jati.

LAKUNE EMBUN

Pingin dak cecepi embun kang mrentul
ing saben pucuk alang-alang
supaya ati tansah teles memes
sak durunge srengenge jumedhul
nyebar cahya marang sesuketan
sak durunge sumelet nrobros dhadha
gampang rengka
 
Sak durunge dhadha rumpeg gampang cubriya
sak durunge ati runtik lan melik
 
Embun-embun nelesi gegodhongan saka lebu
aku lingsem kaya watu-watu
ndlesep nylamur pandulu
ing sangisore ngrembuyung alang-alang
 
Dudu alang-alang kang ngumpetake watu-watu
memalangi ombere alang-alang
lemah-lemah kang kena pepalang
kanggo pandhelikan satu gegremetan
 
 Pengin dak cecepi embun kang mrentul
ing saben pucuk alang-alang
supaya ora gampang sesatru
marang watu-watu.

PANGUPO JIWO

Totokromo ngedohake panyendono
Ajining diri gumantung ono ing lathi
Ajining rogo gumantung ono ing busono
Tumindak kang jujur cinondro budi kang luhur
Alang-alang dudu aling-aling margine kautaman
Sopo weruh ing panuju sesat sugih pager wesi
Katentremaning batin kuwi gumantung ing roso panarimo
Sing iso rumongso ojo rumongs
Sengsaraning rogo yen tinompo amung dadi cobo
Eling saben narimo luhur ing pambudi
Wani guno wani ngalah luhur wekasane
Bondo iku titipan,nyowo iku gaduhan,pangkat iku sampiran mulyo ojo adigang adigung adiguno
o biso

KAU TAK PERNAH MENGERTI

Aku tahu, tak ada yang bisa disalahkan dengan keadaan ini. Tak ada yang bisa disalahkan dengan perasaanku, ataupun perasaanmu. Karena ini, masalah hati,perasaan yang tak dapat dipaksa, ataupun diinginkan.

Tentang aku, yang mulai mengagumimu saat 4tahun lalu. Dan kini, perasaanku terus berkembang dan bertahan. Aku sadar kini, aku lebih dari hanya sekedar mengagumimu saja.

Tentang kamu, yang mungkin tidak pernah tau apa yang aku rasakan. Tak akan perduli denganku, segala hal tentangku. Karena aku tahu, dia, yang kini sangat kau sayangi.

Kau tahu? Kenyataan itu seharusnya membuatku melupakanmu bukan? Membuatku membencimu? Pikiranku, otaku, akal sehatku masih normal, mereka mengatakan bahwa aku, harusnya menyerah, aku seharusnya tak bertahan, aku seharusnya melupakan asa tentangmu. Namun tak seperti itu, karena hingga saat ini, aku, hatiku masih bertahan di kamu. Karena hati, tak dapat dibohongi, hati tak dapat memilih. Karena ini masalah ketulusan, perasaan yang tak akan pernah dimengerti oleh pikiran, dan akal. Karena ini abstrak, hanya dapat dirasakan, tak dapat dideskripsikan ataupun diterjemahkan.

Aku pernah berusaha untuk membencimu, melawan hatiku. Namun, hatiku terus meradang, menyuarakan kenyataan yang ada. Menyuarakan apa yang sebenarnya aku rasakan. Dan konflik batin di dalam diriku sendiri, sungguh membuatku lebih menderita.

Tentang kamu, yang sama sekali tidak mengetahui dan perduli dengan apa yang aku rasakan. Dan Tentangku, yang masih bertahan untukmu, dan selalu membicarakanmu dengan-Nya,selalu menyisipkan namamu di setiap bait doaku.

Terimakasih, aku ucapkan kepadamu
Karena darimulah, aku mengerti tentang arti ketulusan, tentang arti sebuah kesabaran akan penantian yang tidak terbatas.